Tolong buatkan surat resmi dalam bahasa jawa
B. Daerah
NilaAz5675
Pertanyaan
Tolong buatkan surat resmi dalam bahasa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban abellia6
Bismillahirrohmaanirrohim
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Winantu sagunging pakurmatan.
Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan.
Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Agung, kula sak kluarga hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan supitan yoga kula ingkang nami, AGUS BONDAN SAPUTRA mbenjang ing,
Dinten : Seloso Wage
Suryo Kaping : 13 September 2014
Wanci : tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Mapan ing : Griyo kulo Bambanglipuro Rt 11 Rw 07 Bantul, Ngayogjokartohadiningrat
Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.
Atur Taklim kawulo,
Kulawarga Bpk. HERMAN AJI sakbrayat