B. Daerah

Pertanyaan

unen une iki senh migunakake purwakanthi guru sastra

1 Jawaban

  • Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal), purwakanthi guru sastra manawa kang runtut aksarane, purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita.

    Pembahasan

    Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang.

    • Purwakanthi swara. Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal).

    Tuladha:

    1. Gemi setiti ngati-ati.
    2. Bungah susah iku lumrah.
    3. Desa mawa cara negara mawa tata.
    4. Aku lara paling para.
    • Purwakanthi sastra. Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan).

    Tuladha :

    1. Tata titi Tatas titis.
    2. Cecer cicir cewet.
    3. Kala kula kelas kalih kula kulak kalo.
    • Purwakanthi basa/lumaksita.  Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.

    Thuladha :

    1. Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani.
    2. Bayem arda, ardane ngrusak busana.
    3. Kolik priya, priyagung anjani putra.

    Thuladha liane:

    1. Urip iki ora angel.
    2. Angele sok ginawe dhewe.
    3. Dheweke tan ngrasa bisa.
    4. Bisane mung nyadhong dhawuh.
    5. Dhawuhe Kang Murba Amasesa.
    6. Ngelmu iku luwih pangaji.
    7. Ajine datanpa tandhing.
    8. Tandhingna bandha lan arta.
    9. Arta iku gampang sirna.
    10. Sirnane tan petung wektu.
    11. Wektune ilang saben mangsa.
    12. Mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.

    Pelajari lebih lanjut

    • Materi tentang 3 purwakanthi https://brainly.co.id/tugas/2537098
    • Materi tentang contoh purwakanthi https://brainly.co.id/tugas/15000254
    • Materi tentang contoh purwakanthi sastra https://brainly.co.id/tugas/33390067

    Detail jawaban

    Kelas: 3 SMP

    Mapel: Bahasa Daerah

    Bab: 7_Tembang

    Kde: 9.2.7

    #AyoBelajar#SPJ5

Pertanyaan Lainnya